Nama :
Ismiati Ragil Handayani
NIM : A510120196
Progdi/ Kelas : PGSD/ IV E
A.
WIDYATEMBUNG (MORFOLOGI)
Widyatembung
(morfologi) utawi tata tembung menika
kalebet peranganing paramasastra ingkang ngrembag saha nyinau bab tembung,
dumadinipun tembung, lan ewahipun satunggaling tembung dados tembung ingkang
sanes jalaran kawuwuhan imbuhan.
1. Wujudipun
Tembung
Tembung inggih menika
wanda utawa kempalanipun wanda ingkang mawi teges. Tembung basa Jawi menika
katitik saking wujudipun saged kaperang wonten sekawan, inggih menika tembung
lingga, andhahan, rangkep, saha tembung cambora.
a. Tembung
Wod utawi Akar Kata
Tembung ingkang
langkung sepuh katandhing tembung lingga inggih menika tembung wod utawi akar kata. Wod tegesipun
oyod utawi akar, wujudipun namung
sakecap utawi sawanda namung saged dipunpadosi tegesipun.
b. Tembung
Lingga
Tembung lingga utawi kata asal (kata dasar), inggih menika
tembung ingkang tasih wetah, ingkang dereng pikantuk imbuhan menapa –menapa,
utawi tembung ingkang tasih wungkul, tasih wantah utawi tasih asli. Tembung
lingga saged dipungolongaken wujud bebas (bentuk
bebas). Tembung wonten ingkang dumadi saking sawanda, kalih wanda, utawi
tiyang wanda (suku kata).
c. Tembung
Andhahan
Tembung andhahan inggih
menika tembung ingkang sampun ewah saking asalipun. Tembung andhahan kadados
saking tembung lingga ingkang pikantuk imbuhan utawi tembung lingga ingkang
sampun dipunrimbag. Imbuhanipun (afiks)
wonten 4 (sekawan), inggih menika ater- ater (awalan, prefiks), seselan (sisipan,
infiks), panambang (akhiran, sufiks),
lan imbuhan sesarengan (konfiks).
1) Ater-
ater utawi Imbuhan wonten Ngajeng (Prefiks)
Inggih menika imbuhan
ingkang mapan wonten sangajengipun tembung lingga. Ater- ater ing basa Jawi
menika menawi kaperang wonten 14 inggih menika ater- ater a-, ma-/mer-, ma-(N),
anuswara, tripurusa, ka-, ke-, pa-, pi-, pra-, pri-, tar-, sa-, kuma-, kapi-,
kami-.
2) Seselan
utawi Imbuhan wonten Tengah (Infiks)
Seselan utawi sisipan (infiks) inggih menika imbuhan utawi
tambahan ingkang kapapanaken wonten satengahipun tembung. Seselan ing basa Jawi
cacahipun wonten 4, inggih menika -um-, -in-, -er-, saha –el-.
3) Panambang
utawi Imbuhan wonten Wingking (Sufiks)
Panambang utawi akhiran
(sufiks) inggih menika imbuhan
ingkang mapan lan dumunung wonten sakmburinipun tembung. Panyeratipun
kagandheng kalihan tembung lingganipun. Panambang wonten ing basa Jawi menika
cacahipun kathah sanget, kadosta -i/-ni, -a, -e, -en, -an, -na, -ana, -ane,
-ake.
4) Imbuhan
Sesarengan (Konfiks)
Imbuhan sesarengan
inggih menika imbuhan ingkang awujud ater- ater (prefiks) lan panambang (sufiks)
ingkang kawuwuh utawi katambahaken ing tembung lingga kanthi sesarengan.
Imbuhan saged kaperang dados 2, inggih menika :
a) Imbuhan
Sesarengan Rumaket (Serentak/ konfiks)
Tegesipun ater- ater
saha panambang kedah kaimbunhaken wonten tembung lingga kanthi sesarengan,
boten saged kapenthil- penthil utawi dipunpisah- pisah. Imbuhan basa Jawi
ingkang kalebet konfiks inggih menika
ka- +tembung+ -an, ke- +tembung+ -en, pa- +tembung+ -an, paN- +tembung+ -an,
pra- +tembung+ -an.
b) Imbuhan
Sesarengan Renggang (Boten Sareng)
Imbuhan sesarengan
renggang inggih menika imbuhan ingkang awujud ater- ater lan panambang ingkang
kasambungaken tembung lingga boten sesarengan, nanging setunggal mbaka
setunggal. Imbuhan sesarengan renggang wonten ing basa Jawi menika gunggungipun
kathah sanget, inggih menika {A- (Anuswara-) + -i, -a, -ake, -ana, di- + (-i,
-a, -ake, -ana); -in- + (-i, -ake, -ana) sa- + -e}
d. Tembung
Rangkep (Reduplikasi)
Tembung rangkep saged
kaperang dados 3, inggih menika dwilingga, dwipurwa, dwiwasana. Tembung
dwilingga kaperang dados 2, inggih menika tembung dwilingga wantah (murni) lan
tembung dwilingga salin swara. Tembung dwiwasana kaperang dados 2, inggih
menika tembung dwiwasana wantah (murni) lan tembung dwiwasana salin swara.
e. Tembung
Rangkep Mawa Imbuhan
1) Tembung
rangkep mawa ater- ater
2) Tembung
rangkep mawa seselan
3) Tembung
rangkep mawa panambang.
f. Tembung
Camboran
1) Tembung
camboran wutuh
2) Tembung
camboran tugel
2. Jinising
Tembung
a. Tembung
Aran (kata benda/ nomina)
b. Tembung
Kriya (kata kerja/ verba)
c. Tembung
Kaanan (kata sipat/ adjektiva)
d. Tembung
Katrangan (adverbia)
e. Tembung
Sesulih (Pronomina Pesona)
f. Tembung
Wilangan
g. Tembung
Panggandheng
h. Tembung
Dunung (Ancer- ancer)
i.
Tembung Panggenah (Panyilah)
j.
Tembung Panguwuh (Panyeru)
3. Ewah-
ewahaning Tembung
a. Tembung
Garba (sandi)
Inggih menika tembung
ingkang suwanten utawi tembungipun ewah jalaran tembung ing vokal ingkang pungkasan (tembung
kapisan) kepanggih kaliyan vokal
ingkang wiwitan ing tembung kaping kalih , lajeng nuwuhaken suwanten enggal
kawastanan sandi utawi tembung garba (peluluhan,
pelesapan utawi fusi).
b. Tembung
Yogyaswara
Inggih tembung ingkang
endah, tembung ingkang wandanipun wekasan nglegena, anggadhahi teges jaler
(priya) lan sawekdal- wekdal kagantos vokal
“I” ingkang anggadhahi teges estri (wanita).
Tidak ada komentar:
Posting Komentar